Senin, Oktober 27, 2008

Purna Tugas


Dra. Indah Istianah

Joko Raharjo

Drs. Sugiyanto

Assalamu'alaikum wr. wb.
Kula kunjukaken Puji syukur dhumateng Gusti Ingkang Maha Agung, Alhamdulillah sampun saged mungkasi karya munangka guru ing SMKN 1 Cilacap sampun purna tugas kanthi wilujeng boten wonten pambegan satunggal punapa.
Dhumateng para sarjana sujana ingkang pantes sinudarsana, ing wewengkon SMKN 1 Cilacap, saha minangka kanca bebrayan ingkang sampun peparing asah, asih, asuh amemangkat dhumateng pribadi kula, namung saged ngaturaken agenging panuwun ingkang boten pepindan.
Sedaya ingkang sampun katutur, kacatur, kabatos saha karaos ing nguni dhumateng panjenengan sedaya, utawi sedaya kalepatan kula lahir tuwin batos sadangunipun bebrayan wonten SMKN 1 Cilacap, kula nyuwun gunging samodra pangaksami.
Mugi-mugi Gusti Ingkang Murbeng Dumados tansah ngijabah dhumateng panyuwunan kita sedaya. Amin.
Wassalamu'alaikum wr.wb.
Cilacap, Oktober 2008
SUGIYANTO

Tidak ada komentar:

Posting Komentar